Kamis, 26 Februari 2015

MC basa jawa, memperingati haul simbah

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,
Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.

Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah; Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, ingkang dipun mulyaaken Allah; Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah. \ Sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula,

pidato bsa jawa kelas 6

Assalamu'alaikum wr. wb Bapa Kepala SD Kasreman ingkang satuhu kula bekteni Bapak Ibu Guru SD Kasreman ing kula khurmati Para kanca, adik adik warga SD Kasreman ingkang kula tresnani Alahmdulilah sumangga kula dhrekaken ndedonga ing ngarsaning Gusti Allah ing Maha Kawasa, awit sampun maringaken sedoyo nikmat lan kasarasan dumateng kita sedaya, arupe kabagasan kasarasan lan kamulyan. Salawat saha salam mugi tansah kunjuk ing ngarsane Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w. Bapak Kepala SD Kasreman, Bapak Ibu Guru SD Kasreman ingkang tansah pinaringan begja mulya, adik- adik warga SD Kasreman ingkang kula tresnani, para kadang kelas enem SD Kasreman ingkang kula kangeni, ing ngiriki, kula minangka wakil saking rencang - rencang kelas enem, sepisan ngaturaken gunging panuwun saking katresnan, raos sabar anggula wentah kula sakanca. Kula ugi ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun dumateng Bapak Ibu Guru iangkang anggula wentah kula wiwit kelas setunggal ngantos kelas enem menika. Kula namung nyuwun pangapunten ingkah kathah, awit kula asring nakal, mboten nggarap tugas, mbolos, lan tingkah polah ingkang mboten sae. Mugi – mugi kesabaran panjenengan, keihlsana panjenengan minangka tiyang sepuh kula ing sekolahan kaparingan kanugrahan dening Gusti Allah ingkang maha asih. Mugi – mugi Bapak Ibu Guru lan Bapak Kepala Sekolah tansah sehat, sabar, tlatos nggula wenthah adhik-adhik. Kula sakanca tansah enget katresnan dating kula sakanca. Tresan luhur ingkang mboten saget kula wales menapa kemawon Raos abot bade pamit amargi kula kula taksih tresna kalian panjenengan. Nanging sakmenika kula sakanca sampun tamat saking kelas enem Mugi-mugi kula sakanca saged nglajengan dateng pawiyatan ingkang langkung inggil, dating SMP utawi MTs ing maju lan kawentar. Kangge adik adik, mugi-mugi saget minggah kelas kanthi nilai ingkang langkung sae, saget menang lomba lomba, langkung pinter tinimbang kula sakanca. Aja nakal-nakan nggih, yen wonten kapinteran kula sakanca manga ditulada, yen wonten ingkang awon manga dipun ngapura Mbokbilih cekap menika anggen kula matur, nywun pangapunten menawi wonten lepat kawula. Menyang tegalan nandur jae . SD Kasreman pancen oke. Wasslamu'alaikum wr. Wb

pidato basa jawa perpisahan kelas 6

Nami : Vima Anggraeni Assalamu'alaikum wr. wb Bapa Pangarsa SD Kasreman ingkang satuhu kula bekteni Bapa Ibu Guru SD Kasreman ing kula khurmati Para kanca, adik adik warga SD Kasreman ingkang kula tresnani Alahmdulilah sumangga kula dhrekaken manungku puja ndedonga ing ngarsaning Gusti Allah ing Maha Kawasa, awit sampun maringaken sedoyo nikmat lan kasarasan dumateng kita sedaya, arupe kabagasan kasarasan lan kamulyan. Salawat saha salam mugi tansah kunjuk ing ngarsane Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w. Bapak Ibu Guru SD Kasreman ingkang tansah pinaringan begja mulya, ing ngiriki, kula minangka wakil saking rencang - rencang kelas enem, sepisan ngaturaken gunging panuwun saking katresnan, raos sabar anggula wentah kula sakanca. Kaping kalih, kula nyuwun pamit, amargi sekedap malih badhe ngalengaken sekolah ing pawiyatan SMP utawi MTs. Kaping tiga, kula nyuwun pangapunten bilih kula nakal, asring damel panjenengan duka, asring mboten nggarap pakaryan. Mugi-mugi sedaya kala wau andadosaken raos tresna kula lan panjengan sami tansah ngrembaka. Adik adik ingkang kula tresnani, mugi-mugi sampean sedaya tansaya pinter, langkung pinter tinimabng kula sakanca. Contonen kapinteran kula ingkang sae, yen ta kula nakal mboten usah diconto nggih. mugi-mugi saget minggah kelas kanthi nilai ingkang langkung sae. Nyuwun ngapunten yen anggen kita kekancan wonten lepat. Kadosipun sampun cekap semanten anggenipun kulo matur. Bilih wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten. Wasslamu'alaikum wr. Wb

CONTO PIDATO BASA JAWA PERPISAHAN KELAS 6

Assalamu'alaikum wr. wb

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala SD Kasreman
Bapak - Ibu Guru  SD Kasreman ingkang satuhu luhuring budi
Para kadang kula kelas enem, adik adik ingkang kula tresnani

Monggo kula dhrekaken manungku puja ndedonga ing ngarsaning Gusti Allah ing Maha Kawasa, awit sampun maringaken sedoyo nikmat lan kasarasan dumateng  kita sedaya, arupe kabagasan kasarasan lan kamulyan.

Bapak Ibu Guru SD Kasreman ingkang tansah pinaringan begja mulya, ing ngiriki, kula minagka  wakil saking rencang - rencang kelas enem,  ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun dumateng Bapak Ibu Guru iangkang anggula wentah kula wiwit kelas setunggal ngantos kelas enem menika. Kula namung nyuwun pangapunten ingkah kathah, awit kula asring nakal, mboten nggarap tugas, mbolos, lan tingkah polah ingkang mboten sae. Mugi – mugi kesabaran panjenengan, keihlsana panjenengan minangka tiyang sepuh kula ing sekolahan kaparingan kanugrahan dening Gusti Allah ingkang maha asih.
Mugi – mugi Bapak Ibu Guru lan Bapak Kepala Sekolah tansah sehat, sabar, tlatos nggula wenthah adhik-adhik.

Sejatosipun, kula taksih tresna kalian panjenengan, awit sakmenika sampun kelas enenm naming nyuwun donga ing kathah, mugi-mugi kula sakanca saged nglajengan dateng pawiyatan ingkang langkung inggil, inggih menika SMP utawi MTs.
Kangge adik adik, mugi-mugi saget minggah kelas kanthi nilai ingkang langkung sae.

 
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.

Wasslamu'alaikum wr. Wb