Minggu, 27 April 2014

contoh wawancara bahasa jawa (wawanpangandikan) tema PEMANFAATAN LINGKUNGAN



CONTO WAWAN PANGANDIKAN BASA JAWI
TEMA  Nanem sayur ing pekarangan
Narasumber                 : Pak Mukani, petani
Pewawancara               : Budi Harsono


Budi                 : Assalaamu’alaikum wr wb
Pak Mukani     : Waalaikum salam wr.wb.
Budi                 : Sugeng sonten Pak Mukani
Pak Mukani     : Sugeng sonten Mas Budi, mangga pinarak.
Budi                 : Inggih maturnuwun. Yah menten kok taksih repot, nanem menapa menika?
Pak Mukani     : Menika lo Mas, nanem Lombok.
Budi                 : Nanem Lombok kok wonten sak ta Pak. Kok mboten dating sabin utawi tegilan.
Pak Mukani     : Tinimbang tumbas pot, menika wonten sak tipake rabuk, eman-eman tinimbang nganggur. Menawi sampun smi who, abrit-abrit sae lo, kados kembangan, pethetan sae yen dipun prikasani, kados kemabngan, nanging ngasilaken.
Budi                 : Wah dhawuh leres nggih Pak. Naming wonten sak menapa saget medal wohipun?
Pak Mukani     : Saged mawon, lha menika contonipun, sampun panen kaping kalih.  Menawi nyambel mboten sisah dating peken tumbas Lombok. Cekap pados dateng mburitan. Malah menika nggih wonten sawi, kangkung, sledri, kecai.
Budi                 : Wah.. pranyata sae sangaet nggih. Kados taman. Tanemane jejer tharik-tharik. Mbok kula dipun blajari kados pundi anggenipun nanem. Wonten nggriya kathah sak, wadhah uwos ingkang mboten dipun damel.
Pak Mukani     : Gampil sanget kok Mas Budi. Rabuk saking kandhang raja kaya, dicampur siti, upaminipun rebuke setunggal cikrak, sitinipun kaleh cikrak. Ananging rabukipun kedah ingkang smpun dados rabuk lo nggih. Menawi dereng, wah mboten saged tuwuh. Aamargi taksih panas.
Budi                 : Lha tumasipun rabuk dating pundi ta Pak? Kula mboten gadhah menda, mboten ngingu sapi.
Pak Mukani     : Nyuwun dating tanggi mawon Pak. Dating dusun menawi rabuk tlethong mawon mboten tumbas. Menawi ngersaaken menika dating mburitan inggih wonten. Nanging daleme panjenengan nggih tebih, kados pundi ngastanipun.
Budi                 : Wo inggih matur nuwun sanget Pak sak derengipun. Lajeng anggenipun tumbas wiji dating pundi Pak? Toko pertanian?
Pak Mukani     : Dateng toko pertanian inggih wonten. Nanging kedah dipun tampak rumiyin. Yen ngersaaken ingkang kantun nanem, mundut mawon wiji dteng peken. Panjenengan milih ingkang taksih dipun wadhahi plasti, sampun ingkang jebolan.
Budi                 : Awis Pak?
Pak Mukani     : Mboten mas, paling awis kalihatus rupuah. Yen bade nanem, plastikipun dipun suwek, Ngatos-atos, sampun ngantos siti ingkang wonten plastik pecah. Aamari menawi pecah, oyotipun pedhot, Lombok saget pejah.
Budi                 : Wah pranyata mirah nggih.
Pak Mukani     : Mila menika manga dipun cobi, eman-eman yen sak wadhah beras dados resek. Tinimbang naming ngopeni kembang, manga sinambi ngopeni Lombok lan taneman lintune. Tinimbang tumbas pot, mangga “memanfaatkan barang bekas”.
Budi                 : Leres sanget Pak.
Pak Mukani     :Lha inggih ta, yen dipun gagas lucu lo, wong tani kok toku godhong tela, kamangka wonten pekarangan ingkang saged dipun tanemi. Umpaminipun saben tiyang tani saged nanem  Lombok 10 wit kemawon, mboten bakal bingung yen Lombok awis.
Budi                 : Inggih Pak. Kula menika nggih anake wong tani, lha kok kates mawon nggih tumbas. Kamangka papan nggih wonten upamai nanem kates 5 uwit mawon. Dhawuh leres pamanggih panjenengan. Wong Indonesia kirang ukel “kurang kreatif.
Pak Mukani     : Kangkung ugi gampil anggenipun nanem. Kumplung wadhah roti, tinimbang naming disimpen dateng mburitan, mbok ya dilumahne, diparingi siti, diparingi toya. Wijinipun cekap saking turahane masak nalika nembe tumbas kangkung  seminggu sampun sage3d dipun panen, 10 kumplung bekas mawon saged sak kelanan.
Budi                 : Inggih Pak. Menapa maleh menawi ddhateng plastic polybag nggih. Langkung sae.
Pak Mukani     : Polibag rak tumbas ta Mas. Manut pitutte simbah biyen, diblajari gemi. Lha sedherek tani menika inggih aneh, kgungan rajakaya, rebuke kathah, kok godhong tela mundhut, bayem mundhut, kemangu mundhut. Dhawuhe kalebet masyarakat miskin. EE lha kok males. Manapa manapa mundhut.
Budi                 :Lha inggih kados kula menika. Aanake wong tani, kemlelet ra gelem obah ngopeni tegalan.
Pak Mukani     : Dipun cobi mas. Sinambi olah raga, golek kringet, bathi pekarangane asri.
Budi                 : Inggih Pak. Matursuwun sanget. Menawi badhe nanem kula tak sowan malih. Blajar kalian panjenengan.
Pak Mukani     : Inngih. Mangga. Kula rantos
Budi                 : Maturnuwun, sanes wekdal sowan maleh. Wassalaamualaikum wr wb.
Pak Mukani     : Sami-sami, Waalaikum salam wr. Wb.



werdinipun wawan pangandikan (inti wawancara)

mangga nanem  kulupan. sayuran, mboten sisah tumbas pot, ananging migunaaken "barang-barang bekas". mirah, saget kangge olah raga, lan ngasilaken